bebasan kaya ngenteni
udan ing mangsa ketiga
najan mung sedhela ora dadi ngapa
penting isa ngademke ati lara
semono uga rasane atiku
mung tansah nunggu tekamu
ra krasa setaun kowe ninggal aku
kangen… kangene atiku
aku sih kelingan nalika ning pelabuhan
kowe janji lunga ra ana sewulan
nanging saiki wis luwih ing janji
nyatane kowe ora bali-bali
ning pelabuhan tanjung mas kene
biyen aku ngeterke kowe
ning pelabuhan semarang kene
aku tansah ngenteni kowe